Senin, 28 Februari 2011

MAHABHARATA

Mahabharata (basa Sansekreta: Mahabharata), iku sawijining karya sastra kuna kang katulis déning bagawan AbyasaIndia. Mahabharata kabangun saka wolulas kitab, mula kasebut uga Asthadasaparwa (astha = 8, dasa = 10, parwa = kitab). Cekaking crita, Mahabharata nyritakaké konflik antaraning Pandhawa kaliyan nak-seduluré, para Kurawa, prakara negara Astina. Puncaké yaiku perang Bharatayuddha (Bratayuda) ing tegal Kuru, perang suwéné 18 dina. Wolulas (18) Parwa kasebut yaiku Adiparwa, Sabhaparwa, Wanaparwa, Wirathaparwa, Udyogaparwa, Bhismaparwa, Dronaparwa, Karnaparwa, Salyaparwa, Sauptikaparwa, Striparwa, Santiparwa, Anusasanaparwa, Aswamedikaparwa, Asramawasikaparwa, Mosalaparwa, Prasthanikaparwa, lan Swargarohanaparwa. Ing ngisor iki pérangan wolulas parwa lan andharané: utawi Vyasa saking

  1. 1. Adiparwa

Adiparwa iku serat kapisan ing wiracarita Mahabharata. Ing kéné dicritakaké kepriyé prabu Pariksit utawa Parikesit atakon marang bagawan Janamejaya bab kajayaning leluhuré sampèyan dalem. Banjur bagawan Janamejaya sing katurunaning bagawan Abyasa nyaritakaké. Ing Adiparwa, carita-carita kang kababar yaiku: Sarpayajña utawa upacaraKsirarnawa utawa samudra susu kanggo golek amreta, sejarah purwa leluhuré para Pandhawa, lan wektu timuré para Pandhawa. Carita-carita iku kabèh direngga awujud carita bingké. Adiparwa uga ana ing versi basa Jawa Kuna. korban ula, pamuteran

  1. 2. Sabhaparwa

Sabhaparwa iku pérangan wiracarita Mahabharata kang nyritakaké sebab para Pandhawa Lima dibuwang ing alas 12 taun suwéné lan ditambah kudu nyamar setaun. Pandhawa kalah déning Duryudana nalika main dhadhu, amarga pokalé Sangkuni. Mula iku, Pandhawa kudu nampa ukuman mau. Yen nganti konangan Kurawa, bakal ditikeli ukumané.

  1. 3. Wanaparwa

Wanaparwa iku terusané Sabhaparwa, kang isiné nyritakaké bab lelakoné Pandhawa Lima ing alas buwangan. Wanaparwa iku uga dadi dhasar inspirasi karya sastra Jawa Kuna; yaiku kakawin Arjunawiwaha anggitané mpu Kanwa.

  1. 4. Wirathaparwa

Wirathaparwa (Sansekreta: Vira?aparva) nyritakaké lelakoné para Pandhawa nalika kudu ndhelik setaun sawisé dibuwang rolas taun ing alas. Crita iki uga ana ing Wanaparwa. Sang Yudisthira nyamar dadi brahmana kanthi sebutan Kangka. Sang Wrekodara nyamar dadi juru masak lan juru jagal jejuluk Balawa. Déné sang Arjuna nyamar dadi wong wandu kang mulang tari lan nembang. Sang Nakula dadi bocah angon kapal (jaran), déné sang Sadewa dadi laré angon lembu. Dèwi Dropadi dadi juru rias ing kedhaton anami Sairindi.

Kacarita, patih Wiratha (sang Kicaka) kasmaran marang Sairindi. Dhèwèké kepingin ngepèk Sairindi dadi garwané. Sairindi nampik, lan Kicaka tetep meksa. Marga iku, sang Balawa banjur matèni Kicaka. Prakara iku mèh waé mbongkar nyamaré Pandhawa. Praja Wiratha banjur dibedhah déning para musuh Pandhawa, yaiku para Korawa saka Ngastina. Para Pandhawa banjur perang nglawan Korawa, mbéla Wiratha. Sawisé perang bubar, kabèh padha konangan anggoné nyamar. Ananging amarga wis ndhelik setaun suwéné, ora dadi apa.

  1. 5. Udyogaparwa

Ing Udyogaparwa, buku kaping lima Mahabharata, sang Kresna dadi duta kanggo nengahi konflik antaraning para Korawa (Kurawa) lan para Pandhawa. Nanging niyat mau ora dikabulaké déning para Korawa. Kresna duka, banjur tiwikrama malih dadi buta gedhé kang mèh waé ngobrak-abrik donya. Wusanané bakal kedadèn perang Bratayuda (Bharatayuddha).

  1. 6. Bhismaparwa

Miturut para pandhita, Bhismaparwa iku pérangan Mahabharata kang wigati dhéwé, amarga ing sanjeroné ana kitab Bhagavad Gita. Ing Bhismaparwa dicritakaké kaya ngapa prajurit Korawa lan prajurit Pandhawa padha adhep-adhepan sadurungé perang Bratayuda (Bharatayuddha) wiwit. Sang Arjuna lan kusir krétané, sang Kresna, ngadeg ing pucuking gunung. Arjuna bisa mriksani para bala prajurit Korawa lan para Korawa, seduluré dhéwé. Arjuna sedhih amarga kudu perang lawan seduluré. Nadyan Kurawa kuwi wong ala, Arjuna kèlingan kaya ngapa nalika cilik padha bebarengan anggoné sinau lan dolanan. Banjur saiki adhep-adhepan kaya satru memungsuhan. Kanggo mbombong Arjuna, Kresna banjur paring wejangan. Jejering satriyatama kudu wani bela marang bebener, mbrastha durangkara nadyan bakal memungsuhan karo seduluré dhéwé. Wejangan iku katelah Bhagavad Gita, tegesé Gita sang bagawan utawa nyanyian tiyang suci.

Kitab Bhismaparwa uga nyritakaké kalahé sang Bhisma, uwak para Pandhawa lan Korawa. Bhisma iku kagungan aji-ajisaratalpa) nganti Bharatayuddha bubar. Bhisma ketaman maèwu-èwu jemparing nganti dhawah, nanging ora tiba ing lemah, amung anèng pucuk-pucuk jemparig mau. bisa séda sawanci-wanci. Nanging dhèwèké milih tetep turon ing “pasaréyan jemparingipun” (

  1. 7. Dronaparwa

Kitab Dronaparwa ora ana ing Tanah Jawi. Kitab kang kaping pitu saka wiracarita Mahabharata iku nyritakaké prakara sédané bagawan Drona ing perang Bratayuda (Bharatayuddha). Dhèwèké diapusi Yudisthira nalika Drona krungu Aswatama putra kinasihé, gugur ing palagan. Yudhistira iku duwé watek jujur, ora gelem dora. Nanging marga akalé Kresna, Yudhistira kapeksa goroh matur marang Drona. Sabeneré kang gugur iku dudu Aswatama, nanging Esthitama (gajah). Marga aturé Yudhistira lirih lan mèmpèr nyebut Aswatama, mula Drona banjur nglolosi badané banjur kaperjaya déning Pandhawa.

  1. 8. Karnaparwa

Karnaparwa, iku kitab kaping 8 Mahabharata. Isiné nyaritakaké sang Salya kang dadi kusir rata sang Karna. Kanthi kréta kang dikusiri déning Kresna, ing perang tandhing iku, wusanané sang Karna kaperjaya dening sang Arjuna, seduluré dhéwé. Kitab ini ora ana ing versi Basa Jawa Kuna.

  1. 9. Salyaparwa

Salyaparwa iku kitab kaping 9 Mahabharata. Kitab iki nyaritakaké sang Salya kang dadi sénapati perang para KorawaBharatayuddha). Wusanané banjur kaperjaya déning prabu Yudisthira. Ngerti kahanan mau, Dèwi Satyawati (garwané Salya) banjur abèla pati (bunuh dhiri). ing Bratayuda (

  1. 10. Sauptikaparwa

Sauptikaparwa iku kitab kaping 10 Mahabharata. Kitab kang ora ana vèrsiné ing basa Jawa Kuna iki nyaritakaké sang Aswatama. Dhèwèké arep mbales para Pandhawa banjur meneng-meneng mlebu kedhaton Ngastina. Ing kono banjur mejahi para putra Pandhawa, Srikandi, lan liya-liyané. Ing wusanané, Aswatama banjur kaperjaya déning sang Arjuna. Ing sastra Jawi Ènggal, carita iku dadi lelampahan ringgit (lakon wayang) “Aswatama Gugat”.

  1. 11. Striparwa

Striparwa iku kitab kaping 11 Mahabharata. Kitab iki ora ana ing vèrsi Jawa Kunané. Carita kang cekak iki ngandhut isi sasambaté para garwa satriya kang tinilar pejah ing perang Bratayuda (Bharatayuddha). Para garwa mau banjur nindakaké ritual sraddha.

  1. 12. Santiparwa

Santiparwa iku kitab kaping 12 Mahabharata. Ing versi basa Jawa Kuna, kitab iki ora ana. Ing kitab iki dicaritakaké prakara wejangan-wejangan bagawan Bisma nalika anèng saratalpa utawa “ranjang panah” sawisé kalah ing perang Bratayuda (Bharatayuddha). Bisma paring wejangan wigati marang Raja Yudisthira.

  1. 13. Anusasanaparwa

Anusasanaparwa iki kitab kaping 13 Mahabharata minangka terusané Santiparwa, prakara gunemané Yudhistira lan Bisma. Kitab iki ora ana ing versi basa Jawa kuna. Ing kitab iki uga dicritakaké anggoné Bisma séda lan wangsul menyang swarga.

  1. 14. Aswamedikaparwa

Aswamedikaparwa iki kitab kaping 14 Mahabharata. Kitab iki ora ana ing versi basa Jawa Kuna. Kitab iki nyaritakaké Parikesit, putra Abimanyu, wayah (putu) Arjuna kang dijumenengaké dadi Ratu Ngastina nganti séda, dicakot déning si naga Taksaka. Carita bab Parikesit kang dicakot déning Taksaka uga ana ing kitab kapisan, kitab Adiparwa.

  1. 15. Asramawasikaparwa

Asramawasikaparwa utawa ing versi Jawa Kuna kasebut Asramawasanaparwa iku serat utawa buku kaping 15 ing wiracarita Mahabharata. Caritané mangkéné: Sawisé perang Bharatayuddha, sang Drestarastra diangkat jumeneng dadi ratu limalas taun suwéné ing Ngastina. Karepé nulung Drestarasta amarga para putra lan kulawargané uwis ora ana kabèh. Para Pandhawa isih padha taat lan bekti nglelipur Drestarastra supaya ora kèling-kèlingan para putrané. Ananging sang Wrekodara rumangsa anyel amarga kélingan sang Duryodana kang biyèné seneng tumindak ala. Nalika ora ana sapa-sapa, sang Drestarastra banjur dilèh-lèhaké luputé. Ing wusana sang Drestarastra ora tahan manèh lan pamit marang Yudisthira kersa tilar nagari, manggon ing alas. Dhèwèké banjur diteraké para sesepuh: Arya Widura, Dèwi Gandhari lan Dèwi Kunthi. Nalika mbangun tapa, Pandhawa naté niliki, ananging ora suwé, sang Drestarastra banjur séda lan disusul déning para pendhèrèké.

  1. 16. Mosalaparwa

Mosala Parwa iku perangan nomer 16 (nembelas) ing kitab Mahabharata. Ing kéné kacaritakaké musnané para Wresni lan Yadu, utawa wong-wong ing krajan Mandura (Madura)-Dwarawati. Nalika kuwi Bathara Narada lan sawetara resi lunga menyang Dwarawati. Ing kéné wong-wong iki nylamur laku dadi pandhita. Samba lan wong-wong Dwarawati nggoda. Samba didandani kaya déné wanita kang lagi ngandhut (meteng). Pandhita mau ditakoni ‘’bayi’’ kang ana ing weteng iku lanang apa wadon. Pandhita mau nesu amarga ngerti yèn sejatiné wong mau Samba kang lanang. Pandhita iku supata yèn mengkoné Samba bakal nglairké tenan gada (mosala) wesi kang bakal matèni trah Yadu. Pocapan iku dadi kasunyatan. Sawisé lair gada kuwi, banjur dilebur dadi lebu (serbuk) lan diguwang menyang segara. Baladewa lan Kresna banjur nglarang wong-wong padha mabuk-mabukan.

Sawijiné dina, Bathara Kala teka. Iku dadi pratandha yèn bakal ana bebaya. Wong-wong sanegara banjur gawé upacara ing pinggir segara. Nalika upacara iki dileksanakaké, wong-wong padha ngombé arak, mabuk, lan adu tandhing. Pisanané Satyaki ngécé Kretamarma kang mlayu saka paprangan Bharatayuddha. Kretamarma mati dipatèni déning Satyaki nganggo kayu glagah kang thukul ing cedhak kono. Wit-wit glagah iku sejatiné saka gada (mosala) kang dibuwang ing segara. Glagah mau banjur dadi wesi kang kuwat. Wong-wong banjur padha tandhing nganggo glagah-glagah mau lan mati kabèh. Kresna lan Baladewa sedhih. Ing crita iki iku kasebut patiné Baladewa lan Kresna. Baladewa mati nalika tapa lan saka tutuké metu naga. Kresna mati nalika tapa kanthi lungguh ing godhong, ing ngalas. Nalika iku uga ana wong kang lagi mbedhag (beburu) lan panahé ngenani Kresna.

  1. 17. Prasthanikaparwa

Prasthanikaparwa iku kitab saka wiracarita Mah?bh?rata pérangan kang kaping-17. Kitab iki uga ana sadhurané ing basa Jawa Kuna. Sang Maharaja Janaméjaya ndangu bagawan Wésampayana supaya nyritakaké prastawa sawisé para Yadu sirna binesmi. Bagawan Wésampayana banjur ngandika yèn Yudhisthira mula-mulané pasrah bareng para Yadu wis séda kabèh. Prabu Yudhisthira banjur ngandika marang sang Arjuna yèn bathara Kala kang nyababaké kabèh kasripahan iki. Prabu Yudhistira banjur dhawuh para saduluré supaya lèrèh kaprabon lan mbangun tapa. Sawisé iku para Pandhawa njumenengaké ratu sang Parikesit ing Ngastina, diemong déning bagawan Krepa lan Yuyutsu. Sawisé iku, sawijining dina banjur nganakaké upacara kanggo mèngeti para Yadu sing wis séda. Para kaum brahmana disumbangi dhuwit lan para Pandhawa salin rasukan, ngagem kulit kayu (dluwang) banjur tindak tapa nilar kaprabon. Ana uga sawijining segawon kang ndhèrèkaké. Sang Parikesit sawadyabala uga ndhèrèkaké, nanging banjur mulih menyang kedhaton.

Para Pandhawa mbacutaké lelanané tekan sagara. Nalika iku Sang Hyang Agni rawuh lan dhawuh marang sang Arjuna, supaya jemparing kang naté diparingaké nalika alas Kandhawa kobong, kacemplungna ing segara. Sawisé iku, kabèh padha nerusaké laku manèh nurut pasisir, banjur mènèk gunung Himalaya, metu ara-ara wedhi (walukarnawa). Nalika iku sang Dropadi ana ing kana rubuh, séda. Sebab sédané Dropadi yaiku amarga mbiyèn sanadyan dadi garwané para Pandhawa lima, dhèwèké paling asih marang Arjuna. Sawisé iku sang Sadéwa, uga séda. Sebab sédané yaiku dhèwèké kumalungkung lan gumedhé, yèn ora ana kang madhani kapinterané dhèwèké. Sawisé iku, Nakula uga séda. Sebab sédané Nakula amarga dhèwèké gumedhé ora ana sing madhani kabagusané. Banjur Arjuna ya séda, sebabé dhèwèké tau gumedhé nalika perang Bratayuda, sesumbar celathu bisa ngalahaké para Korawa ing sadina. Ing wusanané sang Wrekodara ya rubuh, séda. Sebabé, yèn mangan dhèwèké mesthi ora mikir wong liya lan kasar ora nduwé tatakrama.

Bathara Indra mapagaké sang Yudhisthira banjur ngaturi mlebu swarga. Sang Yudhistira duwé karsa bilih si asu ya diparengaké ndhèrèk. Wasana, si asu badhar dadi Bathara Darma. Yudhisthira banjur mlebu sabadané wadhag. Nanging bareng ana ing swarga ora ketemu karo adhi-adhiné sarta déwi Dropadi. Sang Yudhisthira sumadya nggolèki, karsa kumpul karo para sadulur ing naraka.

  1. 18. Swargarohanaparwa

Swargarohanaparwa iku carita Mahabharata pérangan kang angka 18 lan kang pungkasan. Kang dicaritakaké iku: Prabu Yudhisthira uninga sang Duryodana ana ing swarga kasungga-sungga. Sang Yudhisthira kersa uninga dunungé para rayi-rayi, banjur mlebu ing naraka, kadhèrèkaké utusan, pinangka saka dhawuhé para Jawata. Ana ing naraka uninga sawernaning paukuman lan mireng sambaté wong-wong kang padha disiksa. Wasana kang padha kasiksa lan sambat-sambat mau rayi-rayi lan kulawargané. Sang Yudhisthira ora trima déné Jawata ora adil. Sing andhèrèkaké kadhawuhan mulih, sang Yudhisthira ora kersa bali saka naraka. Para Jawata padha rawuh, naraka banjur malih dadi swarga. Olèhé para Pandhawa ana naraka iku kaukum déné cidra marang sang guru, bagawan Drona lan liya-liyané; nanging saiki wis luwar.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar