“Bocah gendheng, dikandhani ora tau ngrungokake.” Celathune Mbok Sraya marang Wagiran, anak mbarepe kang umure selawe tahun. Mbok Sraya wis ora duwe daya maneh ngandhani anake. Wagiran kuwi pancen ora duwe gaweyan. Saben dina mung njaluk dhuwit karo wong tuwa, yen dhuwite entek bengak-bengok ora karuan. Yen ora diwenehi dhuwit ngamuk-ngamuk. O alah, lelakone Mbok Sraya kok ya apes tenan.
“Mbok…!” bengoke Wagiran.
Simboke wis bisa mbadhe yen Wagiran mesthi arep nodhong dheweke.
“Mbok…, malem minggu Mbok!”
“Mbuh, ora urusan!” wangsulane Mbok Sraya.
“Aku ki anakmu, kok ora diurusi ta?”
“Luwih becik aku ora nduwe anak kaya kowe, tinimbang kudu rekasa kaya ngene iki. Wis tuwa isih diperes wae. Ora nduwe welas babar pisan kowe kuwi.” Mbok Sraya dadi nggresula mikir anake.
“Ya wis yen ora tanggung jawab karo anak!” ukara iku banjur kawetu saka lambene Wagiran. Mbok Sraya mung meneng, ora ana sauran. Dheweke wis rumangsa gela duwe anak kang aran Wagiran.
Bengine, Mbok Sraya sing wis randha kuwi mung ana ngomah. Ngadhep meja kang wus ana sega, jangan, lan lawuh ing sakdhuwure. Wagiran embuh ana ing ngendi. Sing mesthi wiwit maghrib dheweke wis ora ana ing ngomah.
“Kula nuwun.” Mbok Sraya sing lagi ngalamun kaget. Dheweke banjur mbukak lawang sisih ngarep.
“Lik Imin ta, mangga lenggah Lik” Mbok Sraya celathu mangkono sakwise mbukakake lawang.
“Wonten menapa Lik, kok njanur gunung?”
“Ah, mboten kok. Namung…,” wangsulane Lik Imin tangga desane Mbok Sraya kandheg sanalika.
“Namung menapa?” Mbok Sraya pengin ngerti apa wigatine Lik Imin teka ing omahe.
“Anu…, ngaten lho Mbok. Kula namung didhawuhi Bu Nurtin supados nagih kiranganipun arta,” Lik Imin nerusake ukarane kanthi cetha.
Mbok Sraya mung meneng, malah mlongo. Arep ngendha ya ora bisa, amarga dheweke wis kadhung janji marang Bu Nurtin kang kondhang sugihe nanging durung krama kuwi. Sewulan sadurunge Mbok Sraya nate janji yen bakal nglunasi kurangan utange sing kari satus ewu rupiyah. Ananging ya piye maneh, Mbok Sraya lagi paceklik. Olehe dodolan tempe mau esuk ora laris, malah akeh tempe sing ora kadol.
“E…, nek boten sakniki piye Lik?” Mbok Sraya njajal ngenyang tagihane.
“Wah, pripun ta Mbok. Sanjange Bu Nurtin kedah lunas je!”
“Ngaten lho, kula dereng gadhah arta sakmonten Lik”.
“Nek soal niku, kula mboten urusan Mbok. Sing penting pesene Bu Nurtin sampun kula aturaken”
“Wadhuh…, saestu Lik, kula mboten gadhah arta sakmonten. Entene nggih mung limang ewu, kados pundi?” Mbok Sraya selak nganggo pawadan kaya mangkono kuwi.
“Nek ngaten, njenengan sesuk rawuh dhateng daleme Bu Nurtin kemawon matur babagan menika, kadospundi?” Lik Imin sing ketiban sampur nagihke utang dadi rada mesakke nyawang kahanane randha tuwa kuwi.
“Nggih sampun, kula benjang tak sowan Bu Nurtin” Mbok Sraya banjur semaur mangkono.
Stress tenan Mbok Sraya. Wis ora nduwe dhuwit, utange ditagih, anake nakal. Kaya-kaya wis jangkep olehe nandhang susah lan sengsara. Ananging piyea wae Mbok Sraya ora oleh kaya mangkono. Dheweke kudu mikir piye carane sesuk endha saka utange.
*****
Esuk-esuk kurang luwih jam enem, Mbok Sraya nggugah anake.
“Ran, tangiya. Kowe gelem ra yen tak wenehi dhuwit?”
“Dhuwit Mbok?” wangsulane Wagiran. Tanpa mikir dawa maneh, Wagiran njenggirat tangi, banjur raup.
“Endi Mbok dhuwite?” pitakone Wagiran banjur dheweke dandan necis.
“Ya sing sabar, jenenge arep entuk dhuwit ya kudu rekasa dhisik”.
“Oalah…, mung arep ngapusi ta?”
“Ora. Aku ora ngapusi. Yen ora percaya, ayo saiki uga melu aku ben entuk dhuwit!”
Biyung lan anak mau terus budhal. Sing cetha Wagiran dijak sowan ing omahe Bu Nurtin, prawan tuwa sing awake lemu tur rupane sangar. Nanging sanajan duwe fisik sing ala, dheweke sugih ora karuan.
“Kula nuwun.”
“Mangga.”
“Bu Nurtin wonten mbak?”
“Wonten, mangga mlebet. Lenggah rumiyin, sekedhap nggih”.
Mbok Sraya banjur nyekethem tangane Wagiran. Wagiran dijak mlebu lungguh ing kursi tamu. Karone sajak kamitenggengen nyawang omah sing magrong-magrong kebak barang-barang mewah.
Bu Nurtin banjur metu, lungguh ing jejere Mbok Sraya. Wagiran ora mudheng apa sing diomongke simboke karo wong lemu sing nduweni omah kuwi. Tur maneh Wagiran ya ora nggagas apa pirembuge Mbok Sraya, dheweke malah ngungun nyawang njeron omah kuwi.
Mak bedunduk, Mbok Sraya ngadeg, nyalami Bu Nurtin. Mbok Sraya banjur metu ninggalake Wagiran kang isih lungguh ing kursi tamu.
“Mbok, enteni, endi dhuwite?” Wagiran mbengok, arep nututi simboke. Ananging, Bu Nurtin age-age nyekel tangane Wagiran sinambi nyawang rupane banjur celathu.
“Kowe pancen rada nggantheng.” Untune Bu Nurtin sing wis rada bolong-bolong tur ireng katon cetha. Wagiran mlongo, ora ngerti apa-apa.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar