Ing donyaning pedhalangan tembung “sulukan” menika kados sampun limrah. Nalika dhalang mbabar cariyos ing pagelaran ringgit, temtu kemawon dipun-sarengi sulukan pinangka suka reseping pagelaran tuwin mratelakaken suraosipun cariyos. Sedaya lelagoning dhalang ingkang awujud; lagon, kawin, ada-ada lan sapanunggalanipun menika kawastanan sulukan. Sulukan minangka salah satunggaling perangan pagelaran ringgit saged kasekaraken ing sasuwuking gangsa; kangge ngombangi ungeling gangsa lan sapiturutipun.
Gegayutan kaliyan iringan gangsa, temtunipun sulukan menika kedah kajumbuhaken kaliyan pathetipun gangsa tuwin sawarnining raos utawi kawontenaning adegan ringgit pakeliran. Kadosta: lagon Tlutur tumrap ingkang mengku raos prihatin, susah lan sapanunggalanipun; Kawin tumrap ingkang mengku raos greget utawi minangka pangunggaring raos; ada-ada tumrap ingkang mengku raos nepsu lan sasaminipun.
Kangge mujudaken edining sulukan, pramila kedah mangertosi lagu utawi titi laras, basa, tuwin sastranipun. Menawi katitik saking titi laras saha pathetipun, sulukan ing pedhalangan mliginipun ing wewengkon Jawa Tengah lan DIY menika saged kapilah dados tiga; pathet nem (6), pathet sanga (9) lan pathet manyura (Haryanto, S, 1998: 5). Pathet nem (6) minangka gegambaraning swasana netral, pathet sanga (9) minangka gegambaraning swasana radi geger utawi rame, saha pathet manyura minangka gegambaraning swasana ingkang ewah dados dinamik mbetahaken putusaning perkawis.
Salajengipun panganggene basa ing sulukan (Jateng-Jatim) menika saged kawastanan basa ingkang arkhais, tegesipun basa ingkang sampun boten limrah kangge padintenan. Kawontenan makaten jumbuh kaliyan kawitaning cariyos ringgit utawi sastra sulukan inggih saking jaman Jawi Kina. Pramila basa ingkang dipun-ginakaken umumipun basa Kawi ingkang njalari raos luhung, saged ugi wingit. Tumrap jaman samenika, tembung-tembung Kawi kalebet tembung ingkang awis panganggenipun kepara malah sampun dipun-lirwakaken dening saperangan tiyang Jawi piyambak. Kamangka ing salebetipun karya sastra kadosta sulukan ingkang mawi basa Kawi menika, estunipun ngandhut seni sastra (kagunan basa) ingkang inggil.
Kanthi kawontenan ingkang kados makaten, pramila perlu ngupiyakaken kadospundi mbangun memitran kangge nggesangaken kepara ngrembakakaken basa- sastra-budaya Jawi. Salah satunggalipun kupiya menika saged katindakaken kanthi tembayatan kaliyan sanggar-sanggar sastra Jawi, pawiyatan beksan, pawiyatan karawitan, kalebet mbangun memitran kaliyan pawiyatan pedhalangan.
B. Underaning Pirembagan
Adhedhasar andharan ing ngajeng, pramila badhe kaandharakaken tuladha sulukan, titilaras, suraosing cakepan tuwin gegayutanipun kaliyan cariyos ringgit. Kaajab kanthi ngudi saha nggegulang sulukan menika saged ndadosaken pisumbang tumrap kupiya nglestantunaken, ngrembakakaken, sarta majengaken basa-sastra-budaya Jawi.
1. Lagon Slendro Pathet Nem Wantah (Ageng)
tumrap Jejer Kapisan
3 3 3 3 3 23 235 5 5 5 3 35
Leng-leng ramya ni- kang, sa- sang-ka ku- me-nyar,
6.53.532 6 6 6 6 6 6165 5 21216
o….., mang- reng- ga rum - ing pu – ri o….
3532 2 2 2 2 12 3 5356 3 5 32 2
mang – kin tan - pa si – ring, ha - lep i - kang u- mah,
235 235 2 2 2 21 6165 6
mas lir mu - rub- ing la - ngit, o…,
12 2 2 2 2 12 1.2.16.53.5.6.532
tek- wan sar - wa ma - nik, o…,
2 2 2 2 2 1 2 6165 21216 3532 2
ta - wing - nya si - na - wung, o…., o…., sak – sat
2 2 2 2 12 3 5356 2 2 21 1216 12
se - kar si - nu - ji, ung- gwan Bha- nu- wa- ti, o…,
3 5356 3 5 32 2 235 235 2 2 2 21
yan a- mrem a- la- ngen, lan na- ta Dur- yu- da
6165 6 12 2 2 2 2 2 12 1.2.16.53.5.6.532
na, o…, lan na- ta Dur- yu- da- na, o….
———–
Katrangan tembung-tembungipun:
Leng-leng (lengeng): anglam-lami, nengsemaken (Mardiwarsito, 1981: 316)
ramya: endah (Mardiwarsito, 1981: 462)
sasangka (cacangka): rembulan (Mardiwarsito, 1981: 564)
kumenyar (kumenar): sumorot, sumunar (Poerwadarminta, 1937: 235)
mangrengga ruming puri: ngrengga kaendahaning puri (kedhaton, keputren)
mangkin tanpa siring: saya tanpa tandhing, tan ana ingkang madhani (endahe)
halep ikang umah mas: endahe suyasa(gedhong) emas kencana
lir (lwir) murubing (murub ring) langit: kadya sumunar ing akasa utawi langit
tekwan: sarta, lan, apamaneh (Mardiwarsito, 1981: 595)
sarwa (sarwwa) manik: maneka warni sesotya
tawing: tebeng, aling-aling (Mardiwarsito, 1981: 591)
sinawung: linapis, dipun salut
suji: 1. eri, sunduk, 2. sulaman, renda (Mardiwarsito, 1981: 543)
saksat sekar sinuji: kadya sekar rinonce
unggwan: papan (Poerwadarminta, 1937: 443)
Yan amrem alangen (alango) lan nata Duryudana: menawi sare alelangen (sih-sinisihan) kaliyan Prabu Duryudana.
Suraosipun cakepan:
Endah anglam-lami (warninipun) rembulan ingkang sumunar ngrengga memanising puri (kedhaton), (njalari) endahing negari Astina tanpa tandhing. Endahipun suyasa kencana (griya emas) sorotipun sumunar kadya murub ing langit. Punapa malih tebengipun linapis sesotya maneka warni kadya sekar rinonce. Nenggih papan padununganipun Dewi Bhanuwati, menawi sare alelangen kaliyan Prabu Duryudana.
Sekar menika kangge sulukan jejer Kawitan, mliginipun jejer nagari Hastina. Cengkok ingkang dipun-ginakaken inggih menika cengkok Mangkunegaran. Menawi katitik saking tembung-tembungipun, isi sekar menika kalebet nyandra kaendahanipun nagari Hastina ing wanci dalu pinuju padhang bulan. Sekar menika kasebat sekar Sardulawikridita, tegesipun dolanan sima. Nalaripun sima utawi macan menika satunggaling kewan ingkang ageng, nalika tilem katon nengsemaken. Ananging sasampunipun tangi saged ndadosaken bilahining manungsa utawi kewan sanes. Samanten ugi nagari Hastina ingkang katon endah, sayektosipun mbebayani tumrap negari sanes. Awit, Duryudana sarta kadangipun (Kurawa) tansah ngumbar kanepsoning dhiri, ancasipun sageda ngatroni negari ingkang tanpa tandhing.
2. Ada-ada Girisa Laras Slendro Pathet Nem
3 5 3 5 6 2
Le- ngeng ga- ti- ning kang
3 5 3 5 6 2
ha- wan sa- bha sa- bha
6.12.31216 6 6 56 5.653
ni- king Ngas- ti- na
1.2 6 2 1 2 3
sa - man- ta- ra te- keng
2 2 6 2 3 3
Te- gal Ku- ru na- rar-
2 2 2 2 1.216
ya Kres- nan la- ku
3 5 3 5 6 2
si- rang Pra- su- ra- ma
3 5 3 5 6 2
myang Kan- wa Ja- na- ka
6.12.31216 6 6 56 5.653
du- lur Na- ra- da
12 6 2 1 2 3
ka- pang- gih i- ri- kang
2 2 6 2 3 3.532
te- gal mi- lu kar- ya
2 3 5 56 5653
Sang- a Bu- pa- ti
5.32 3 5 56 5653
Sang- a Bu- pa- ti
————–
Katrangan tembung-tembungipun:
Lengleng (lengeng): endah, nengsemaken, asri (Mardiwarsito, 1981: 316)
gati: kawontenan (Mardiwarsito, 1981: 187)
hawan: margi (Mardiwarsito, 1981: 215)
sabha: papan pirembagan, bangsal, pendhapa kraton (Mardiwarsito, 1981: 486)
samantara: boten antawis dangu
Tegal Kuru: ara-ara Kuru
nararyya : nara (tiyang) + arrya (minulya) “Prabu” (Mardiwarsito, 1981: 364)
Kresnan laku: Kresna + an (anggenipun) + laku = tindakipun Prabu Kresna
sirang: dheweke, panjenenganipun (Mardiwarsito, 1981: 533)
Sirang Paracurama, myang Kanwa: Panjenenganipun Paracurama kaliyan
Kanwa
Janakadulur Narada: Janaka + adulur + Narada= Janaka sesarengan kaliyan
Narada
Milu ri karrya: tumut mbiyantu ayahan, panggaotan
Bhupati: bhu (bhumi) + pati (pangageng)= raja, ratu
Suraosipun cakepan:
Endah, asri, nengsemaken kawontenan margi ingkang tumuju dhateng bangsal Hastina (Ngastina). Samantara tindakipun Prabu Kresna dumugi ing Kuru (ara-ara Kuru) kepanggih kaliyan Paracurama, Kanwa sarta Janaka (ingkang sampun asalira dewa) sesarengan kaliyan Bathara Narada. Sedaya menika sami tumut mbiyantu pakaryanipun Prabu Kresna (minangka dhutaning Pandhawa).
Sekar menika kawastanan sekar tengahan Girisa cengkok Ngayogyakarta, ingkang nyariyosaken Prabu Kresna duk nalika dados dhutaning Pandhawa tindak dhateng nagari Ngastina nedya ngantepi tekadipun Kurawa (Duryudana). Menggah suraosipun tekad Kurawa menika, supados Pandhawa ngulungaken wewenangipun (sepalihing nagari Ngastina) menawi boten sarujuk ateges milih dumadosipun perang Bharatayudha.
Kanthi panyengkuyungipun Rama Parasu (Paracurama utawi Rama Bargawa), Kanwa (resi), Janaka (ratu ing Mithila utawi Manthili), sarta Bathara Narada, Prabu Kresna lajeng tindak dhateng Ngastina saperlu ngayahi jejibahan minangka dhutaning Pandhawa. Tiga-tiganipun (Rama Parasu, Kanwa sarta Janaka) yektosipun sampun seda mila asalira dewa.
3. Lagon Slendro Pathet Sanga Wetah
2 2 5 5 2 2 2 12
Ka- yon ka- ti- yup- ing a- ngin
1 1 1 1 12 16 61 1
su- myak swa- ra- ne ka- re- ngyan
3 3 3 3 2 23 12 2
sa- mi- ra- na ma- wor ri- ris
2 35 5 5 56 53 3.5 5
lu- mrang gan- da- ning pus- pi- ta
6.1 1.612 61.65 2.1.6
a- e a- na
1 1 1 1 12 16 6.1 1
ti- ti so- nya ma- dya ra- tri
2 2 2 2 2 2 2.1 6.1.6.5
ra- ras ru- men- dheng a- ka- sa
————–
Katrangan tembung-tembungipun:
Kayon: kayun utawi kajeng, gunungan ing wayang (Poerwadarminta, 1937: 180)
sumyak: rame, gumyak (Poerwadarminta, 1937: 573)
Karengyan (renge, rengyan): terdengar (Mardiwarsito, 1981: 471)
samirana: angin (Poerwadarminta, 1937: 542)
riris: lembut, alon (Mardiwarsito, 1981: 477)
lumrang (lumra): sumrambah, mratani (Mardiwarsito, 1981: 326)
titi sonya: wekdal ingkang sepen, suwung (Poerwadarminta, 1937: 574)
Madya ratri: tengah wengi
Raras: laras, endah (Mardiwarsito, 1981: 464)
Suraosing cakepan:
Kayon katiyuping angin,
rame swantenipun kapireng,
angin angidid alon,
sumrambah gandaning sekar,
wancinya wus tengah wengi,
laras rumendheng ing akasa.
Cengkok lagon ing nginggil ngginakaken cengkok Ngayogyakarta. Lagon menika pratandha ngancik pathet sanga ing ringgit purwa menapa dene kangge malik pathet ing gendhing. Kanthi lagon menika sinarengan kayon ingkang dipun-tancebaken tegak lurus (ing pagelaran ringgit purwa) mratandhani wiwiting “gara-gara”. Kawontenan menika nedahaken bilih pagelaran ringgit sampun ngancik ing madya ratri ( wayah tengah wengi).
4. Lagon Slendro Pathet Manyura Wetah
3 3 3 3 3 3 3 3 3 3 3
Meh ra- hi- na se- mu bang hyang ha- ru- na
3 3 3 3532 2 2 2 2 12
ka- di ne- tra- ning o- gha ra- puh,
3 3 3 3 3 3 356 6 6 6 6 6 6 56 2123
sab- da- ning ku-ki- la ring ka-ni- ga- ra sa- ke- ter, 0….,
3 3 3 3 3 23 21 1 1 1 1 1 1 1
ni ki- dung ning a- kung, lir wu- wus- ing wi- ni- pan- ca
612 2 2 2 2 2 2 12
la- wan pa- pe- tak- ing a- yam,
3 23 2 2 21 6 3 3 3 3 3 23 23 21 1 1 1 1 1 12
wa-na ring pa-ga-gan, mrak ma-ngu-wuh bre-ma-ra ngra-ba-sa ku-su-ma ring,
2 12 6 6 616 53
pa- ra- ha- syan a- rum
————–
Katrangan tembung-tembungipun:
Meh rahina: meh enjing, wancinya ndungkap rahina (Mardiwarsito, 1981: 457)
semu bang: radi abang (langit sisih wetan ingkang katon semburat abrit)
Hyang Haruna: Hyang Arkka, Hyang Aditya, Hyang Surya, srengenge
ogha: sesakit mripat / duka asmara (Mardiwarsito, 1981: 384)
rapuh: kesel, lesu, lungkrah, nglokro (Poerwadarminta, 1937: 521)
kadi netra ning ogha rapuh: kados abritipun netra ingkang ngleresi sakit
sabdaning kukila: anggunge peksi, swantening peksi engkuk
kanigara: kembang matahari (Mardiwarsito, 1981: 265)
ring kanigara: ing wit kanigara
saketer (keter): kados geteripun (Mardiwarsito, 1981: 282)
kidung: tembang, sekar
kung: sakit asmara, nandhang brangta, kasmaran (Mardiwarsito, 1981: 298)
akung: nandhang brangta, kasmaran
saketer ni kidung ning akung: kados geter kidunganipun tiyang ingkang nandhang kasmaran
winipanca: kecapi India (Mardiwarsito, 1981: 686)
lir wuwusing winipanca: kados swanten siteripun tiyang Indu
papetaking ayam wana: swantenipun ayam wana
pagagan: papan / siti ingkang katanem pari gaga (Poerwadarminta, 1937: 456)
mrak manguwuh: peksi merak nyengungong (ngundang-undang)
bremara ngrabasa kusuma: kombang, tawon ingkang ngrisak sekar
parahasyan (rahasya): papan wadi, senthong patileman, kamar pasarean (Mardiwarsito, 1981: 457)
arum: endah, wangi (Mardiwarsito, 1981: 78)
Suraosing cakepan:
Wancinipun meh ndungkap enjing srengenge (langit ing sisih wetan) katingal semu abrit, kados netra ingkang ngleresi sakit,
anggunging peksi engkuk ing wit kanigara anggeteri,
kidungipun tiyang ingkang nandhang kasmaran,
kadya ungeling siteripun tiyang Indu,
kaliyan swanten ayam wana ing pagagen,
peksi merak nyengungong undang-undang,
kombang tawon mangrurah (ngrisak) sekar ing pasarean endah.
Cengkok sekar ing nginggil menika ngginakaken cengkok Mangkunegaran. Wondene lagon slendro pathet manyura wetah utawi sekar Wisarjita menika (ing pagelaran ringgit purwa) kangge sulukan ing wanci ndalu ndungkap enjing. Tembung manyura saking basa Kawi ‘mayura’ ingkang tegesipun peksi merak. Dados pathet manyura tegesipun pathet merak, awit pathet menika panganggenipun menawi sampun perak enjing, watawis pukul tiga (03.00) dalu / dungkap enjing.
Lajeng, suraosipun sekar menika nyariyosaken candraning alam negari Ngastina (Hastina) ing wanci dalu ngajengaken gagat rahina. Nalika samana Prabu Kresna minangka dhutaning Pandhawa sare wonten ing suyasa (gedhong) padamelanipun Sang Widura, saderengipun nindakaken ayahanipun pirembagan kaliyan Kurawa. Dados, Prabu Kresna dereng priksa antebing tekad Prabu Duryudana ingkang badhe ngrekadaya Pandhawa.
C. Panutup
Saestunipun taksih kathah sulukan ingkang dereng kaandharaken ing makalah menika. Kaajab, mugi kanthi seserepan satleraman menika saged nggigah pikajeng nggegulang saha ngudi asiling kabudayan luhung tiyang Jawi. Salah satunggaling materinipun inggih menika sulukan. Kanthi ngudi utawi nyinau cengkok sekaripun ateges ngudi endah saha reseping sulukan. Samanten ugi kanthi ngudi suraos cakepaning sulukan ateges ngudi endah saha werdinipun basa tuwin sastra ing salebetipun.
Gegayutan kaliyan wigatosing rekadaya Program Studi Basa lan Sastra Jawa mbangun memitran kangge ugurip-nguripi basa-sastra-budaya Jawi temtunipun sadaya kalawau saged dipun-leksanakaken kanthi tembayatan kaliyan sanggar-sanggar sastra, sanggar seni Jawi, pawiyatan pedhalangan lan sanes-sanesipun. Ingkang baku murih ngrembakaning basa-sastra-budaya Jawi, mbetahaken kawigatosan saking instansi menapa dene pribadi masyarakat Jawi piyambak.
Mugi sedaya kalawau migunani tumrap majenging saha ngrembakaning basa-sastra-budaya Jawi.